Sejatine Urip Kuwi Nek Ora Ngelih Ya Ngeluh

Sejatine urip kuwi nek ora ngelih ya ngeluh.
Ngelih (Lapar/Kencot), iya urip kuwe nek ora ngelih ya ngeluh. Esuk - esuk ya pengine sarapan ya nek sing ana lawuh, lah sing nek sing ora nana lawuh karo sega yang bisa ngeluh karo ngresula. Nang batin uripku kayane koh rekasa temen yah. Apamaning nek sing wis pada berkeluarga kuwi luwih mumet wis mikir sandang,pangan karo sekolah. Terus sing nambah beban maning nek ana tanggane apa batir sing pada mriyang ya kudu tilik nek ora tilik "ya ngerti dewek mbok pada", terus nek juga pada mbaranggawe iya metu dana maning nggo kondangan kuwe jenenge urip nang lingkungan desa apa kota ya pada baen. Dadi pengin urip nang ngalas ora mikir apa apa paling ya mikir nggo mangan tok, tapi sih ora mungkin mergone dewek kuwe wong diciptakna dadi makhluk sing sosial wong sing ora teyeng urip dewek mesti butuh pitulangan ming wong liya.

Ya kuwi sing jenenge urip ya kadang ana senenge ana orane. Syukur sih nek sing pada due dunya apa warisan ora begitu mikir, sing rekasa kuwe wong cilik wis susah ora duwe agan agan warisan apa dunya ora teyeng nabung mergane nggo urip mangan sandang sekolah nek nggo sing wis pada bojo.

Ya intine sing nang duwur kue adil siki dewek rekasa nang dunya mungkin nang akherat dewek beja, ya kuwi intine selalu bersyukur apa anane nek lagi seneng yang bersyukur nek lagi susah ya bersyukur *tapi kadang yang angel lurr.

Ya matunuwun wis maca tulisan kie, nek seneng ya alhmdulilah bisa di bagi2na. Nek ana salah salah kata ya aku njaluk pangapura mergo nembe latihan. ~ bilal

Komentar